24 Awitdene kaya kilat anggone gumebyar saka ing tepining langit ing sisih kene tekan ing sisih kana, iya kaya mangkono uga ing dina bakal rawuhe Putraning Manungsa.
Pangeran Yehuwah bakal ngatingal marang umate, jemparinge bakal lumepas kaya kilat. Lan Gusti Allah bakal ngungelake kalasangka lan tindak majeng ing sajrone prahara kang saka ing kidul.
Ing nalika iku bakal katon tandhane Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabehing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhe.
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani. Nanging Aku kandha marang kowe kabeh: Wiwit saiki kowe bakal ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”
supaya kowe aja padha enggal-enggal bingung lan kuwatir, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran lan apa marga saka layang kang diakokake saka aku kabeh, kaya-kaya wus tumeka ing dinane Gusti.
ing wektu iku si pangawak duraka lagi bakal muncul, nanging nuli bakal katumpes dening Gusti Yesus kalawan ababing tutuke lan bakal kasirnakake, samangsa Panjenengane rawuh maneh.
Nanging bakal tekane dinaning Gusti iku patrape kaya maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujuding donya bakal lebur kaobong sarta bumi lan kabeh kang ana ing kono bakal ilang sirna.