23 Sarta wong bakal ngandhani kowe: Lah, ana ing kana; lah ana ing kene! Kowe aja mrana lan aja kelu.
sarta wong iya ora bisa kandha: Lah ana ing kene, utawa ana ing kana! Amarga satemene Kratoning Allah iku ana ing antaramu.”
Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku.