17 Gusti Yesus banjur ngandika: “Apa ora wong sapuluh kang birat najise? Lah kang sanga endi?
Nanging Sang Yehuwah Allah tumuli nimbali marang manungsa, pangandikane: “Sira ana ing ngendi?”
Nanging banjur enggal padha lali marang pakaryane, lan ora nyrantekake marang pitedahe;
Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.
Apa panunggalane iku ora ana kang bali ngluhurake Gusti Allah, kajaba mung wong manca iki?”
Amarga sanadyan padha wanuh marang Gusti Allah, ewadene ora padha ngluhurake Panjenengane kang jumeneng Gusti Allah, utawa ora saos sokur marang Panjenengane. Nanging pangangen-angene dadi tanpa guna, lan atine kang bodho dadi peteng.