Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 17:14 - Kitab Sutji

14 Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 17:14
11 Iomraidhean Croise  

Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.


Sarta bakal kelakon sadurunge padha sesambat, Ingsun wus paring wangsulan, nalika lagi padha munjuk, Ingsun wus midhangetake.


Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.


Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang wong sarta dipangandikani: “Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucenmu, kaya kang wis diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang kowe.”


Nanging manawa wong lumaku ing wayah bengi, mesthi kesandhung, amarga ora kadunungan padhang.”


Nanging kang ibune Gusti Yesus banjur dhawuh marang para paladen: “Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonana.”


Banjur dipangandikani: “Lungaa, adusa menyang ing blumbang padusan ing Siloam.” Siloam tegese “Kang diutus”. Wonge tumuli mangkat lan adus; baline wus bisa ndeleng.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan