Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka paringi kawelasan, anak kawula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.”
Nalika Gusti Yesus nglajengake tindake saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi.”
Sarta asring dipun dhawahaken ing latu utawi wonten ing toya, badhe dipun sirnakaken. Awit saking punika, manawi Panjenengan saged, karsaa paring piwelas dhateng kula.”
Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise.
Simon mangsuli, unjuke: “Guru, sampun sadalu muput anggen kawula sami nyambutdamel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala.”