nanging lelarane budhug Sang Naaman bakal tumempel marang kowe lan anak-putumu ing salawas-lawase.” Gehazi banjur mundur saka ing ngarsane, wus nandhang lelara kusta, putih kaya salju.
Kacarita ing ngarep gapura ana wong papat kang padha lara budhugen. Kang siji celathu marang sijine: “Apa prelune aku padha linggihan ana ing kene nganti mati?
Sawuse mangkono dhawuhe maneh: “Tanganira lebokna maneh ing tangkeping jubahira!” Sang Musa banjur nglebetake astane maneh ing tangkeping jubahe, bareng ditarik metu, lah wus pulih maneh kaya sarirane.
Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Saupama diidonana raine dening bapakne, apa ora nandhang kawirangan nganti pitung dina? Dheweke kasetrakna ana ing sajabane pakemahan nganti pitung dina, sawuse mangkono kena ditampani maneh.”
Kosokbaline juru-mupu-beya iku mung ngadeg ana ing kadohan, malah tumenga marang ing langit bae ora wani, nanging mung tebah-tebah dhadha sarta munjuk mangkene: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.
Kacarita nalika Gusti Yesus ana ing sawijining kutha, ana wong kang awake sakojur budhugen. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sumungkem ing bumi lan matur: “Gusti, manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”