10 Mangkono uga kowe. Manawa kowe wis nglakoni kabeh kang kaprentahake marang kowe, kowe padha munia: Aku kabeh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakake.”
Aku nuli ngucap: “Bilai aku! Aku tiwas! Amarga aku iki wong kang alambe najis, sarta manggon ing satengahing bangsa kang najis lambene, nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”
Margi saking makaten kawula sadaya punika kadosdene tiyang ingkang najis saha sakathahing kamursidan kawula punika kadosdene lawon ingkang reged; kawula sadaya sami dados alum kados ron tuwin sami sirna margi saking piawon kawula kados ron ingkang kasirnakaken ing angin.
Wasana sami mlebet ing tanah punika, ingkang lajeng dipunejegi, nanging sami boten ngestokaken dhateng dhawuh Paduka, boten miturut dhateng Toret Paduka; sami boten nglampahi sadaya ingkang Paduka dhawuhaken, supados dipun lampahi. Milanipun Paduka ndhawahaken sadaya bilai punika.