Nanging Gusti Yesus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apa kang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manungsa.”
Pangandikane Rama Abraham: Manawa ora padha ngrungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati.”
Nanging padha dakpituturi, para sadulur, padha diwaspada marang para wong kang padha nyulayani ing piwulang kang wus koktampani, kang nuwuhake cecongkrahan lan panggodha. Singkirana wong-wong kaya mangkono iku mau.
Mulane manawa pangan dadi sesandhungan tumrap sadulurku, ing salawase aku ora arep mangan daging maneh, supaya aja nganti dadi sesandhungan tumrap sadulurku.
Ananging ana pangandikaning Roh kang cetha, yen ing tembe bakal ana wong kang padha murtad banjur ngeloni roh-roh panasaran lan piwulanging setan-setan
Ananging sira ana sawatara kang Sunwaoni; ing antaranira ana sawatara kang padha ngugemi piwulange Bileam, kang ngajani Balak supaya njlomprongake wong Israel, supaya padha mangana sesajene brahala sarta laku jina.
Nanging sira Sunwaoni, amarga sira ngumbar Izebel, wong wadon kang ngaku-aku nabi, memulang lan nasarake para abdiningSun supaya laku jina lan mangan sesajene brahala.