7 Wong kang kapindho ditakoni: Lah kowe utangmu pira? Wangsulane wong mau: Gandum satus dhacin. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Gawea layang-utang liyane, tulisen: Wolung puluh dhacin.
Nanging saundure abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyane kang utang marang dheweke satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak gulune, calathune: Sauren utangmu!
Lurahe banjur ngalem marang juru-gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku, sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akale ngluwihi para ahli-warising pepadhang.
Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene marang wong akeh: “Ana wong gawe pakebonan anggur, nuli disewakake marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang ing tanah ngamanca nganti sawatara lawase.