LUKAS 16:31 - Kitab Sutji31 Pangandikane Rama Abraham: Manawa ora padha ngrungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati.” Faic an caibideil |
Banjur padha namtokake dinane. Ing dina kang wis katamtokake iku, wong-wong mau padha teka ing dalem pamondhokane Rasul Paulus. Panjenengane nuli paring katrangan lan paseksen bab Kratoning Allah sarta ngyakinake bab Gusti Yesus adhedhasar angger-anggere Nabi Musa lan kitabe para nabi. Pamulange wiwit esuk nganti sore.