Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 16:3 - Kitab Sutji

3 Juru-gedhong mau nuli mikir: Gek aku arep nyambut-gawe apa? Aku dipocot anggonku dadi juru-gedhong. Macul aku ora bisa, ngemis aku isin.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 16:3
26 Iomraidhean Croise  

Dhawuhe Sang Prabu: “Dhawuhana lumebu!” Bareng Haman wus lumebu, tumuli didangu dening Sang Prabu: “Wong kang dadi keparenge Sang Prabu kudu diparingi kaurmatan, iku dikapakake?” Ing kono panggraitane Sang Haman: “Sapa maneh kang dadi keparenge Sang Prabu kang kudu kaparingan kaurmatan ngluwihi aku iki?”


Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.


Dalane wong kesed iku kayadene pager eri, nanging dalane wong jujur iku rata.


Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane, iku wus dadi sadulure juru pangrusak.


Kesed iku marakake turu kepati, nanging wong wegahan bakal nandhang keluwen.


Ing mangsa bedhidhing wong kesed ora gelem mluku, manawa ing mangsa panen tanpa gawe anggone golek pametune lemah.


Sing sapa nguja rewange wiwit enom, wekasane malah ndadekake rewang mau kaduk-wani.


Apa kang bakal padha sira alkoni ing dina paukuman, lan ing wektu tekane kasangsaran kang adoh sangkane? Sira bakal padha lumayu njaluk tulung marang sapa, sarta kasugihanira bakal sira tinggal ana ngendi?


Para nabi nglairake pameca palsu, para imam mulang sakarep-karepe, lan umatingSun bakal dhemen kang kaya mangkono iku! Nanging apa kang bakal sira lakoni samangsa wus tekan ing wekasane?


Sira bakal nglakoni apa ing dina gedhe, sarta ing dina riyayane Sang Yehuwah?


Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.


Banjur padha tekan ing kutha Yerikho. Nalika Gusti Yesus tindak miyos saka ing Yerikho, kadherekake dening para sakabate lan wong akeh gumrudug, ana wong ngemis wuta, jenenge Bartimeus, anake Timeus, linggih ndheprok ing pinggir dalan.


Banjur mikir: Kapriye ya, rekane, aku ora duwe enggon kanggo nyimpen pametu samono akehe iku.


Mulane banjur diundang lan dicalathoni mangkene: Kapriye, dene aku nganti krungu bab tumindakmu kang mangkono iku? Mara, aku wenehana palapuran tumrap rereksanmu, amarga kowe wis ora kena mbanjurake pagaweanmu dadi juru-gedhong.


Lan ana wong ngemis jenenge Lazarus, awake sakojur gudhigen; ngglungsar ana ing sacedhake regoling omahe wong sugih mau


Kacarita wong miskin mau mati, banjur digawa dening para malaekat menyang ing pangkone Rama Abraham.


Iya, aku wis oleh dalan, supaya manawa aku sida dipocot saka ing pagaweanku dadi juru-gedhong, ana wong kang gelem ngukup aku ana ing omahe.


Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,


Tangga-tanggane lan wong-wong kang maune weruh anggone papriman banjur padha ngucap: “Apa wong iku dudu kang adate papriman?”


Ing kono ana wong lumpuh lair mula, mulane saben dina digendhong lan diselehake ing sacedhake gapuraning Padaleman Suci kang aran Gapura Endah, supaya ngemis marang wong kang padha lumebu menyang ing Padaleman Suci.


Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”


Iki dakkandhakake amarga aku padha krungu, yen ana wong kang uripe ora tumata lan ora nyambut-gawe, nanging mung tansah nindakake bab-bab kang ora ana paedahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan