Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 16:29 - Kitab Sutji

29 Nanging pangandikane Rama Abraham: Iku wis duwe paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane. Iya iku kang kudu padha dirungokake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 16:29
13 Iomraidhean Croise  

Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen; makhluk-makhluk iku mau kabeh siji bae ora ana kang ora ana, ora ana kang kelangan kancane; amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah, sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh.


“Ngupayaa piwulang lan paseksen!” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sira padha ngadhanga ana ing dedalan lan ngawasna takokna dalan-dalan kang kuna-kuna, endi kang becik, liwatana, sarana mangkono nyawanira bakal oleh katentreman. Nanging wong iku padha ngucap: Aku padha emoh liwat ing kono!


Angger-anggering Toret lan kitab-kitabe para nabi iku kanggone nganti tumeka jamane Nabi Yokanan. Wiwit ing wektu iku Injil Kratoning Allah kaundhangake lan saben wong rebutan arep lumebu ing kono.


Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.


Nuli dicaosi kitabe Nabi Yesaya. Bareng kabukak, manggih nas kang surasane mangkene:


Amargi sampun wiwit jaman rumiyin angger-anggeripun Nabi Musa punika kaundhangaken wonten ing saben kitha, saha dumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaos wonten ing papan-papan pangibadah.”


Coba kandhaa marang aku, he kowe kang padha kapengin urip kawengku ing angger-anggering Toret, apa kowe padha ora ngrungokake angger-anggering Toret?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan