Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 16:24 - Kitab Sutji

24 Banjur nguwuh-uwuh, ature: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsaa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhana nyelupaken pucuking drijinipun wonten ing toya, kangge ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing latu murub punika.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 16:24
29 Iomraidhean Croise  

Ora ana barang kang bisa oncat saka ing kamurkane, mulane kabegjane ora bisa lestari.


Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali; nuli kaobong dening para wong wadon kang padha teka. Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi, yaiku kang njalari ora kaparingan palimirma dening kang nitahake lan ora kinasihan dening kang mangun.


Iku bakal padha metu lan padha ndeleng jisime wong-wong kang wus padha mbalela marang Ingsun. Set-sete ora bakal padha mati, lan genine ora bakal sirep, kabeh iku bakal dadi wewujudan kang nggegilani tumrap kabeh kang urip.


Iki wewelak kang bakal kadhawahake dening Sang Yehuwah marang sakehe bangsa kang merangi Yerusalem: daginge wong-wong bakal dadi bosok ing nalikane isih ngadeg lan mripate bakal mlosoh ana ing growongane, mangkono uga ilate bakal dadi bosok ana ing cangkeme.


Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate.


Lan aja padha duwe pikiran mangkene: Aku rak trahe Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowe, sanadyan saka watu iki Gusti Allah kuwaos mijilake anak kanggo trahe Rama Abraham.


Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake: gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.


Ature wong mau: Boten, Rama Abraham, nanging manawi wonten patunggilanipun tiyang pejah ingkang ndhatengi, tamtu sami badhe mratobat.


Pangandikane Gusti Yesus: “Ing dina iki omah iki katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhake Rama Abraham.


Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”


nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”


Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea!


lan uga dadi ramane para wong tetakan, yaitu para wong kang ora mung padha tetak bae, nanging uga padha nurut labeting pitadose leluhur kita Rama Abraham, nalikane durung supit.


lan ndhawahake piwales marang wong-wong kang padha ora gelem wanuh marang Gusti Allah sarta ora mbangun-miturut marang Injile Gusti Yesus, Gusti kita.


Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.


Ilat iku iya geni, prasasat jagading kadurakan sarta dununge ana ing antarane peranganing badan kita, dadi sawijining perangan kang bisa ngregedi badan sakojur sarta bisa ngobong rodhaning urip kita, dene ilat iku dhewe kasaladan dening geni naraka.


Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.


Dene saben wong kang jenenge ora katulis ana ing kitab kauripan iku, iku kacemplungake ing sagara geni.


Aku tumuli dituduhi bengawan banyu panguripan, kang bening kaya kristal, kang mili metu saka ing dhampare Gusti Allah lan dhampare Sang Cempe.


Nabi Samuel banjur ngandika: “Yagene kowe kok takon marang aku, ujer Sang Yehuwah wis linggar saka kowe lan dadi satrumu?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan