Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 16:23 - Kitab Sutji

23 Wong sugih mau iya mati lan banjur dikubur. Lan nalika dheweke ana ing sajroning teleng-palimengan sarta nandhang sangsara iku tumenga, nuli sumurup Rama Abraham ana ing kadohan mangku Lazarus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 16:23
26 Iomraidhean Croise  

Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.


Kaya wedhus anggone padha lumebu marang ing jagading wong mati, pati kang dadi pangone; padha terus tumurun marang ing kuburan, awake ajur mumur, jagading wong mati kang dadi papan padunungane.


amargi agung sih-susetya Paduka dhumateng kawula, saha nyawa kawula sampun Paduka luwari saking jagading tiyang pejah ingkang lebet piyambak.


Sang Yehuwah wus nglairake sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan; wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. (Selah)


Dalaning uripe wong mawa budi iku ngener mandhuwur, supaya bisa ngedohi jagading wong mati kang ana ing ngisor.


tumapaking dlamakane mudhun menyang pati, jangkahe anjong marang jagading wong mati.


Omahe iku dalan kang anjog ing jagading wong mati, kang mudhun menyang ing senthong-senthonging pati.


Mangka wong kang cupet ing budi mau ora sumurup yen ing kono dununge arwah-arwah lan wong-wong kang diampirake wong wadon mau ana ing jagade wong mati.


Nanging kosok baline, kowe kaudhunake menyang ing panggonan kang jero dhewe ing luwanging kuburan.


Jagade wong mati kang ana ing ngisor kalawan gumeter anggone mapag tekamu; arwah-arwah padha kagugah marga saka kowe, yaiku sakehe tilas panggedhe ing bumi; sakehe tilas ratuning para bangsa padha diwungu saka ing dhampare.


Apadene kowe Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal kacemplungake ing teleng palimenganing pati. Sabab manawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan saprene.


Sarta manawa mripatmu dadi sandhungan tumrap kowe, cuplaken lan buwangen, amarga luwih becik tumrap kowe lumebu ing urip kalawan pece katimbang kacemplungake ing geni naraka kalawan ganep mripatmu.


Heh, ula, heh para tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?”


Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake: gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.


Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.


Lah tumuli karone padha nguwuh seru, unjuke: “Paduka kagungan urusan punapa kaliyan kawula, dhuh, Putraning Allah? Punapa rawuh Paduka badhe misakit kawula saderengipun mangsa?”


Banjur nguwuh-uwuh, ature: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsaa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhana nyelupaken pucuking drijinipun wonten ing toya, kangge ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing latu murub punika.


awit sadherek kula taksih gangsal, supados sami kaengetna kanthi saestu, amrih ing benjingipun sampun sami lumebet ing papan ingkang sangsara punika.


Nalika ndeleng Gusti Yesus banjur mbengok lan sumungkem ing bumi ana ing ngarsane sarta banjur matur kalawan swara sora: “Punapa urusan Paduka kaliyan kawula, dhuh Sang Yesus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Paduka sampun ngantos misakit kawula.”


Heh pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Heh pati, ana ing ngendi entupmu?


Jalaran manawa Gusti Allah ora ngeman marang malaekat kang padha gawe dosa, nanging dicemplungake ing naraka, kapasrahake marang guwa-guwa peteng kanggo nyimpen nganti dinaning pangadilan;


dene Iblis, kang nasarake wong-wong mau, tumuli kacemplungake ing sagara geni lan welirang, yaiku kang wus kaenggonan si kewan lan nabi palsu, lan iku bakal padha kasiksa rina-wengi langgeng ing salawas-lawase.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan