Aku uga sumurup wong duraka kang bakal padha dikubur kena lumebu, mangka wong kang lakune bener padha kapeksa ninggal panggonan kang suci lan kang ana ing kutha kono wus ora ana wong kang kelingan. Iki uga tanpa paedah.
Sira duwe kapreluan apa, lan duwe gegayutan karo sapa ana ing kene, dene sira kok ndhudhuk kuburan kanggo kowe ana ing kene, he kang ndhudhuk kuburane ing panggonan kang dhuwur, kang natah panggonane ing gunung parang?
Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana ing Swarga.
Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.
Aku pitutur marang kowe: Bakal akeh wong kang teka saka ing wetan lan ing kulon kang padha melu kembul bujana karo Rama Abraham, Iskak lan Yakub ana ing Kratoning Swarga,
Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?
Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungaken Paduka?”
Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging, mulane Panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane Panjenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati;
Jalaran srengenge sawise mlethek kanthi panase kang sumelet, banjur nggaringake suket iku, temahan gogrog kembange, ilang kaendahane. Mangkono uga wong sugih iya bakal sirna ing sajrone pambudi-dayane.
Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.
Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”