Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 16:17 - Kitab Sutji

17 Ananging luwih gampang sirnane langit lan bumi, katimbang karo bataling titik siji kang ana ing angger-anggering Toret.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 16:17
11 Iomraidhean Croise  

Suket dadi aking, kembang dadi alum, nanging pangandikaning Allah kita tetep ing salawas-lawase.”


Mripatira arahna marang ing langit lan mandenga marang bumi kang ana ngisor; amarga langit sirna kayadene kukus, bumi dadi ala kaya sandhangan kang wus lawas tuwin kang manggon bakal padha mati kaya lemud; nanging pangluwaran peparingingSun bakal lestari ing salawas-lawase, sarta karahayon kang saka Ingsun ora bakal ana pungkasane.


Awit satemene pituturKu marang kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.


Langit lan bumi bakal padha sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna babar pisan.”


Yen mangkono apa aku padha mbatalake angger-anggering Toret awit saka pracaya? Babar pisan ora. Aku malah padha njejegake.


nanging pangandikane Pangeran iku tetep salawas-lawase.” Iya iku pangandika kang wis kawartakake marang kowe dening Injil.


Nanging bakal tekane dinaning Gusti iku patrape kaya maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujuding donya bakal lebur kaobong sarta bumi lan kabeh kang ana ing kono bakal ilang sirna.


Aku banjur weruh dhampar gedhe putih lan Panjenengane, kang nglenggahi. Bumi lan langit padha sirna saka ing pangayunane lan wus ora ketemu maneh papane.


Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar, awit langit kang kapisan lan bumi kang kapisan wus sirna, lan sagara uga wus ora ana maneh.


Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan