Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 16:15 - Kitab Sutji

15 Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 16:15
40 Iomraidhean Croise  

Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.


Paduka mugi karsaa midhangetaken saking ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapadene Paduka mugi karsaa paring pangapunten saha karsaa paring piwales dhateng saben tiyang miturut ing sakathahing pandamelipun, amargi Paduka nguningani manahipun – awit namung Paduka ingkang nguningani manahipun para anaking manungsa, –


Awit tiyang duraka punika ngegung-egungaken pepenginaning manahipun, lan tiyang kethaha punika nyupatani lan ngawon-awon Sang Yehuwah.


Nanging wong iku gedhea kaluhurane, iya ora lestari uripe, mung padha kaya kewan kang dipateni.


amarga rikala matine kabeh iku ora bakal digawa, kamuktene ora bakal ngetutake dheweke.


Sang Yehuwah ngadili para bangsa. Dhuh Yehuwah, mugi Paduka karsaa ngadili kawula, punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas.


Sing sapa lumuhur-luhur iku nistha tumraping Pangeran Yehuwah, sanyata, wong iku ora bakal mlesed saka ing paukuman.


Akeh wong kang ngarani awake dhewe becik, nanging wong kang setya iku sapa kang nemu?


Saben wong ngarani dalane dhewe iku lenceng, nanging Sang Yehuwah kang neter ati.


Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”


Mulane wong sembrana dakarani rahayu, dene kang nglakoni duraka iku padha begja, sanadyan nyoba marang Gusti Allah, iya padha bisa oncat.”


Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.


“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.


Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase.


“Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.


Nanging sarehne wong mau arep mbenerake awake dhewe, mulane banjur matur marang Gusti Yesus: “Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?”


Nanging Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe para wong Farisi, kowe padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak isi rampasan lan piala.


Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika.


Aku pitutur marang kowe: Wong iki saundure mulih kaanggep sampurna, dene sijine mau ora. Awit sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakal kaluhurake.”


Unjuke wong mau: “Punika sadaya sampun kula lampahi wiwit anem mila.”


Lan marang wong sawatara kang nganggep awake dhewe sampurna sarta ngremehake marang wong liya, Panjenengane paring pasemon mangkene:


Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.


kang padha mangan omahe randha-randha nganti entek, sarta kang nasarake wong kalawan donga kang dawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.”


sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksen bab manungsa marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis mirsa piyambak apa kang ana ing batine manungsa.


Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!


Yudas iku wus tuku palemahan sarana opahing pialane, banjur tiba kerungkeb, wetenge bedhah, nganti jeroane metu kabeh.


Kabeh nuli padha ndedonga lan munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya tiyang, mugi karsaa paring pitedah, tiyang kalih punika pundi ingkang Paduka pilih,


Mangka Gusti Allah ingkang nguningani manahing manungsa, sampun kepareng nampeni tiyang-tiyang wau, lajeng ugi sami kaparingan Roh Suci kadosdene kita,


Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.


Sarta Gusti Allah kang nitipriksa sajroning ati, mirsa karsane Sang Roh yaiku manawa anggone ndedonga kanggo para suci nyondhongi karsane Gusti Allah.


Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.


nanging pepaesmu iku yaiku kamanungsaning batin kang ora katon kang apepaes kang ora bisa rusak, kang asale saka roh kang sareh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsaning Allah.


Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga: “Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan