Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 16:13 - Kitab Sutji

13 Ora ana batur kang bisa ngladeni bandara loro. Amarga manawa mangkono, mesthi bakal sengit marang kang siji lan tresna marang sijine, utawa setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Ora bisa kowe ngawula marang Gusti Allah lan marang Mamon.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 16:13
12 Iomraidhean Croise  

Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis: “Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”


“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.


Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora melu anggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake.”


“Manawa ana wong kang sowan ing ngarsaKu, mangka ora sengit marang bapakne, ibune, bojone, anak-anake, sadulur-sadulure lanang utawa wadon, malah nyawane dhewe pisan, iku ora bisa dadi siswaKu.


Lan manawa kowe ora tumemen tumrap baranging liyan, sapa kang bakal menehake barangmu dhewe marang kowe?


Lan Aku pitutur marang kowe: Padha memitrana kalawan migunakake Mamon kang ora temen iku, supaya manawa kowe koncatan Mamon iku, kowe banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng.”


Gusti Yesus banjur ngandika: “Aja kokpenggak, sabab sing sapa ora nyulayani marang kowe, iku dadi nyarujuki.”


He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah.


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan