“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.
Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.
Lan Aku pitutur marang kowe: Padha memitrana kalawan migunakake Mamon kang ora temen iku, supaya manawa kowe koncatan Mamon iku, kowe banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng.”
Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”
Aku, wong kang asor dhewe ing antarane para suci kabeh, wus kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakake marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihane Sang Kristus, kang ora kena kinira iku,
Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?
mulane Ingsun mituturi sira, supaya sira tukua mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadia sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira manganggoa, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadene lenga kang kagawe mblonyohi mripatira, supaya bisa ndeleng.