Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 16:1 - Kitab Sutji

1 Ana maneh pangandikane Gusti Yesus marang para sakabate: “Ana wong sugih duwe juru-gedhong. Iku diwaduli, manawa juru-gedhong mau ngawut-awut barang darbeke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 16:1
19 Iomraidhean Croise  

Unjuke Rama Abram: “Dhuh Yehuwah Allah, kawula badhe Paduka paringi punapa? Dene anggen kawula tilar donya punika badhe tanpa anak, temtunipun Eliezer tiyang Damsyik punika ingkang badhe nggadhahi sabarang darbek kawula.”


Mulane padha nyedhaki kang nguwasani daleme Sang Yusuf, lan matur ana ngarep lawang dalem, ature:


Kacarita Sang Prabu dawud nglempakake sakehing panggedhe Israel, yaiku para tetindhihing suku, para panggedhening golongan kang ngladeni Sang Prabu, para panggedhening wadya-bala sewu lan panggedhening wadya-bala satus, sarta para kang padha nglurahi raja-brana lan raja-kayane Sang Prabu lan para putrane; karodene para punggawa kraton lan para prawira tuwin sakehe gegedhug kang gagah prakosa.


Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane, iku wus dadi sadulure juru pangrusak.


Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane.


Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.


Paring wangsulane Gusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat dening bendarane dadi tetuwaning para abdi kang nyadhongi pangan marang dheweke kabeh ing wayah kang wis katemtokake?


Let sawatara dina kang wuragil mau banjur ngedoli bageane kabeh, sawise mangkono nuli lunga menyang nagara kang adoh. Ana ing kana barang darbeke diebreh-ebreh dianggo nguja kekarepane.


Nanging sareng putranipun bapak ingkang ngebreh-ebreh raja-darbekipun bapak, kadamel mblunthah kaliyan sundel-sundel, saweg kemawon dhateng, bapak lajeng mragat pedhet leman kangge piyambakipun.


“Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake.


Mulane banjur diundang lan dicalathoni mangkene: Kapriye, dene aku nganti krungu bab tumindakmu kang mangkono iku? Mara, aku wenehana palapuran tumrap rereksanmu, amarga kowe wis ora kena mbanjurake pagaweanmu dadi juru-gedhong.


Abdi kang katelu seba lan munjuk: Gusti, lah punika kagungan dalem arta samina, kawula simpen, kawula bundheli ing kacu.


Yohana, somahe Khuza, juru-gedhonge Sang Prabu Herodhes, Susana lan liyane maneh isih akeh. Wong-wong wadon iki padha ngladeni Gusti sapandhereke kalawan barang darbeke.


Amarga kang jeneng pamong iku kudu tanpa cacad, awit dadi juru panatane padalemaning Allah, kudu ora kumawasa, ora gampang nepsu, ora karem ngombe anggur, ora dhemen kerengan, ora srakah,


Utawa kowe uga ndedonga, nanging kowe ora oleh apa-apa, amarga anggonmu ndedonga iku kleru, jalaran apa kang koksuwun iku bakal kokentekake kanggo ngumbar hawa-nepsumu.


Padha laden-linadenana miturut ganjaran kang wus kaparingake marang saben wong jalaran anggone dadi juru-gedhonge sih-rahmating Allah kang becik.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan