8 “Utawa endi ana wong wadon duwe dhuwit dirham sapuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahe, nggoleki njlimet nganti saketemune?
Kaya pangon kang nggoleki wedhuse kang pisah karo pepanthane mangkono anggoningSun bakal ngupadosi wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunluwari saka ing sakehing panggonan anggone padha kaulungake nalika dinane mendhung lan peteng.
Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.”
Lan manawa wis ketemu, banjur ngundangi mitra-mitrane lan tangga teparone sarta padha dicritani mangkene: Dhuwitku dirham sing ilang wis ketemu. Ayo, padha bungah-bungah bebarengan karo aku.
Aku isih duwe wedhus liyane maneh, kang ora saka ing kandhang kene; wedhus-wedhus iku iya prelu Dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokake swaraKu sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji.
Uga akeh wong panunggalane kang wis tau nindakake sikir, kang banjur nglumpukake buku-bukune lan diobong ana ing ngarepe wong akeh. Ajine buku-buku iku ditaksir ana seket ewu dhuwit salaka.