Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 15:7 - Kitab Sutji

7 Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 15:7
13 Iomraidhean Croise  

Ana turun kang nganggep marang awake dhewe resik, mangka durung dikumbah reregede dhewe.


Satemene Aku pitutur marang kowe: Manawa bisa ketemu, kabungahane tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangangpuluh sanga kang ora katriwal.


Yen mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat.


Aku pitutur marang kowe: Samono uga para malaekate Gusti Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat.”


Nanging diwangsuli mangkene: Sampun mataun-taun anggen kula ngladosi bapak lan boten nate nerak wewaleripun bapak, nanging bapak boten nate maringi cempe satunggal kemawon, kangge bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula.


Aku kabeh wis samesthine kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip maneh, wis ilang ketemu.”


sarta satekane ing omahe, banjur ngundangi mitra-mitrane lan tangga teparone lan padha dikandhani: Ayo, padha bebarengan bungah-bungah karo aku, sabab wedhusku sing ilang wis ketemu.


“Utawa endi ana wong wadon duwe dhuwit dirham sapuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahe, nggoleki njlimet nganti saketemune?


Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.


TekaKu ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa, supaya padha mratobat.”


Ing maune aku iki urip tanpa angger-anggering Toret, nanging satekane pepakon mau, dosa wiwit urip,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan