Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 15:4 - Kitab Sutji

4 “Sapa panunggalanmu, kang duwe wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggoleki sing ilang iku nganti saketemune, sing sangang puluh sanga ditinggal ana ing ara-ara samun?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 15:4
19 Iomraidhean Croise  

Kawula punika kesasar kados menda ingkang ketriwal, abdi Paduka mugi Paduka padosi, awit kawula boten kesupen dhateng pepaken Paduka.


Kita padha nglambrang kayya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.


Ing kutha-kutha Pagunungan, ing kutha-kutha Tlatah Pagunungan, ing kutha-kutha ing Tanah Negeb, ing tlatahe Benyamin, ing saubenge Yerusalem lan ing kutha-kuthane Yehuda, wedhus-wedhus bakal liwat maneh ana ing sangisoring tangane kang ngetung. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Maune umatingSun kaya wedhus-wedhus kang ketriwal, padha kesasar ditogake bae dening para pangone!, diuja saba ana ing gunung-gunung, padha lumaku saka ing gunung menyang ing tengger, temah lali marang plegungane.


Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine.


Sira kabeh iku padha dadi wedhusingSun, wedhus kang padha Sunengen lan Ingsun iki Allahira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Kang ringkih ora sira kuwatake, kang lara ora sira tambani, kang tatu ora sira blebed, kang kesasar ora sira gawa bali, kang ilang ora sira goleki, dene kang kuwat sira idak-idak kalawan sawenang-wenang.


Demi Ingsun kang gesang, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – ing sarehne wedhus-wedhusingSun nyata-nyata dadi mangsaning sakehe kewan ing alas, marga ora ana pangone, jalaran para pangoningSun ora padha mreduli marang wedhus-wedhusingSun, nanging mung padha ngengon awake dhewe bae, dene wedhus-wedhusingSun ora padha diengon,


Nanging padha dipangandikani mangkene: “Manawa panunggalanmu duwe wedhus siji, mangka wedhuse iku kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabat, apa ora banjur dicekel lan dientasake?


Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Heh, wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapine utawa kuldine saka ing kandhang banjur diombekake.


Panjenengane banjur paring pasemon mangkene:


Sabab Putraning Manungsa iku rawuhe prelu nggoleki lan mitulungi rahayu marang wong kang katriwal.”


Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.


Awitdene dhek biyen kowe padha kesasar kaya wedhus, nanging saiki wis padha bali marang pangon sarta pamomonging nyawamu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan