Ingsun bakal surak-surak marga saka Yerusalem, sarta girang marga saka umatingSun; ing kono bakal ora keprungu maneh swaraning tangis lan swaraning pasambat.
Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”
“Sapa panunggalanmu, kang duwe wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggoleki sing ilang iku nganti saketemune, sing sangang puluh sanga ditinggal ana ing ara-ara samun?
Pangandikane Gusti Yesus maneh marang Petrus kang kapindhone: “Simon, anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!”
Krungu kang mangkono iku, kabeh padha ngluhurake Gusti Allah. Banjur padha matur marang Rasul Paulus: “Sadherek, panjenengan nguningani, bilih tiyang Yahudi ewon ingkang sampun sami manjing pitados saha sami sregep nabereni ing angger-angger.