Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 15:28 - Kitab Sutji

28 Anak pambarep mau temah nepsu lan ora gelem lumebu ing omah. Bapakne nuli metu lan ngrerepa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 15:28
25 Iomraidhean Croise  

kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku, mundhak dadi suci marga saka aku!” Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun, kaya geni kang murub sadina muput.


Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.


Lah, tedhak turune Yonadab bin Rekhab padha setya ngestokake piwelinge para leluhure, nanging bangsa iki wegah ngrungokake marang Ingsun.


Ing kono pangandikane Gusti Allah marang Nabi Yunus: “Anggonira nepsoni wit jarak iku apa wis sabenere?” Unjuke Nabi Yunus: “Inggih sampun saleresipun kemawon anggen kawula nepsu ngantos dumugi pejah.”


Nalika padha nampani opahe, padha ngumel-umeli kang duwe pakebonan.


Tumuli ana wong lara budhugen sowan ing ngarsane Gusti Yesus, banjur jengkeng sarta nyuwun tulung marang Panjenengane, ature: “Manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”


Yerusalem, Yerusalem, kowe kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang padha diutus nemoni kowe. Wis makaping-kaping anggonKu arep nglumpukake anak-anakmu, padha kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ana ing sangisoring swiwine, nanging kowe ora ngolehake.


Wong Farisi lan para ahli Toret satemah padha kedumelan, pangucape: “Wong iku kok nampani wong dosa lan mangan bebarengan.”


Ature batur: Punika ingkang rayi rawuh, dene ingkang rama sampun dhawuh mragat pedhet ingkang lema, amargi kepanggih malih kaliyan putranipun kanthi wilujeng.


Nanging diwangsuli mangkene: Sampun mataun-taun anggen kula ngladosi bapak lan boten nate nerak wewaleripun bapak, nanging bapak boten nate maringi cempe satunggal kemawon, kangge bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula.


Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.


Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”


Nanging bareng wong Yahudi padha weruh wong akeh iku, banget panas atine lan padha madoni apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus kalawan ngala-ala.


Wong Yahudi padha ngojok-ojoki wanita-wanita kang kajen keringan kang bekti ing Allah sarta para panggedhe ing kutha kono lan banjur nenangi panguya-uya marang Rasul Paulus lan Barnabas, padha ditundhung saka ing wewengkon kono.


Nanging banjur ana wong Yahudi kang padha teka saka ing Antiokhia lan Ikonium, kang padha mbebujuk wong akeh, wasana Rasul Paulus banjur dibenturi watu lan kaseret menyang ing sajabaning kutha, jalaran dikira wis seda.


Nanging wong-wong Yahudi kang nampik pawartane, padha gawe panasing atine wong-wong kang ora wanuh marang Allah sarta gawe nepsune wong-wong mau marang para sadulur.


Nanging aku takon maneh: Apa kirane bangsa Israel ora mangreti? Kang dhisik ana pangandikane Nabi Musa mangkene: “Ingsun bakal nenangi kumerenira marang kang dudu umat, sarta nenangi nepsunira marang bangsa kang bodho.”


Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema karukunake karo Gusti Allah.


awit padha ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.


Nalika Eliab, kakangne kang tuwa dhewe, krungu tembunge Dawud marang para wong iku, Eliab nepsu marang Dawud, karo muni: “Apa perlune kowe teka mrene? Lan wedhusmu kang mung loro telu kang ana ing pasamunan iku kokpasrahake sapa? Aku ngreti watakmu bab kadukwanimu lan alaning atimu: tekamu mrene iki rak mung arep nonton perang ta?”


Sang Prabu Saul muntab dukane luwih dening banget; tetembungan iku nuwuhake renguning galihe, amarga pangunandikane: “Marang Dawud disindhenake mateni puluhan ewon, nanging tumrap ingsun mung ewon, wekasane keprabon bakal tumiba marang dheweke.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan