27 Ature batur: Punika ingkang rayi rawuh, dene ingkang rama sampun dhawuh mragat pedhet ingkang lema, amargi kepanggih malih kaliyan putranipun kanthi wilujeng.
Nuli utusan para abdine liyane, dhawuhe: Sing padha diulemi kandhanana mangkene: Ingsun wis nyawisake bujananingsun, sapiningsun lan kewaningsun lemon wis padha kasembelehan, sarta samubarang wis cumepak. Padha tekaa ing pahargyan.
Nanging sareng putranipun bapak ingkang ngebreh-ebreh raja-darbekipun bapak, kadamel mblunthah kaliyan sundel-sundel, saweg kemawon dhateng, bapak lajeng mragat pedhet leman kangge piyambakipun.
Punika dhateng saha ngadeg ing sacelak kula tuwin wicanten: Saulus, sadulur, meleka lan bisaa ndeleng! Sanalika punika ugi kula saged ningali malih saha nyumerepi piyambakipun.
Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”
ora kaya batur maneh, nanging luwih saka mangkono, yaiku kayadene sadulur kang kinasih. Iya kaya mangkono iku pangrengkuhku, saya maneh tumrap kowe, dadia cara kamanungsan dadia ana ing Gusti.
Wong wadon mau duwe pedhet lemon ana ing omahe, iku banjur age-age disembeleh. Banjur njupuk glepung gandum, diulet lan dipanggang dadi roti tanpa ragi.