25 Nanging anake pambarep lagi ana ing pategalan. Bareng mulih lan wis cedhak karo omahe, krungu swaraning suling lan wong kang padha tetembangan jejogedan.
Ingsun bakal mbangun sira maneh, temah sira binangun, he putri Israel! Sira bakal ngrerengga awakira maneh kinanthen trebang, lan metu kalawan jejogedan asukarena.
Wong-wong iku upamane kaya bocah-bocah kang linggih ana ing pasar lan kang padha ngucap saur-sauran: Kowe wis padha daksulingi, kok ora njoged. Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh, kowe kok ora nangis.