21 Anake matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng ing swarga tuwin dhumateng bapak. Kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih.
Wong mau nuli bakal nyaritani marang wong-wong liyane adhapur kidung mangkene: Aku wus nglakoni dosa lan kang jejeg wus dakbengkokake, ewadene aku ora kawales.
Paduka mugi sampun ngantos prakawisan kaliyan abdi Paduka punika, awit ing antawisipun tiyang gesang boten wonten ingkang pinanggih leres wonten ing ngarsa Paduka.
Mung bae sira ngakonana dosanira, manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira, lan wus ngesokake katresnanira marang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel, lan ora nilingake suwaraningSun!, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
tuwin marga saka kang mangkono iku sira bakal tansah eling marang dhek biyen lan ngrasa isin, nganti cangkemira mingkem babar pisan awit saka kawiranganira, nalika Ingsun nganakake panebus tumrap sakehing panggawenira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
Banjur ngadeg lan mulih marani bapakne. Nalika isih adoh, bapakne wis ngawasake tekane, atine trenyuh banget marga saka welase. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.
Nanging bapakne prentah marang batur-bature: Enggal jupukna jubah kang apik dhewe, nuli enggokna, drijine enggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile.
Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apa kowe ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun kowe marang pamratobat?
Manawa kanthi patrap mangkono, kowe gawe dosa marang para sadulurmu sarta natoni pangrasaning atine kang ringkih, iku sajatine kowe gawe dosa marang Sang Kristus.