20 Banjur ngadeg lan mulih marani bapakne. Nalika isih adoh, bapakne wis ngawasake tekane, atine trenyuh banget marga saka welase. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.
Sang Yusuf banjur dhawuh ngrakiti kretane sarta tindak methukake kang Rama Israel menyang Gosyen. Bareng wus ketemu karo kang rama, banjur ngrangkul janggane lan suwe pamuwune ana ing astane Rama Yakub.
Senapati Yoab banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu ngunjukake bab iku. Sang Prabu nuli nimbali Pangeran Absalom, lan banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu, sumungkem wedanane konjem ing bumi. Sang Prabu banjur ngaras Pangeran Absalom.
Amargi Paduka punika sae, dhuh Pangeran, saha remen ngapunten, punapa malih sih-susetya Paduka punika luber tumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka.
Apa wong wadon bisa lali marang bayine, nganti ora tresna marang wohing wetengane? Sanadyan iku lali marang anake, nanging Ingsun ora bakal kesupen marang sira.
Ingsun wus nguningani sakehe dalane iku, ewasamono bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntun tuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur; uga ana ing lambene wong-wonge kang padha prihatin
Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? Sabab samangsa Sunwelehake, Ingsun tansah kengetan marang dheweke, marga saka iku panggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira, ngulungake sira, he Israel! Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma, ndadekake sira kaya Zeboim! PanggalihingSun dadi pulih, sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.
Awitdene ingkang kaparingan prajanji punika panjenengan sadaya saha para putra panjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkang taksih tebih sadaya, sapinten ingkang badhe tinimbalan dening Pangeran Allah kita.”