Tekane Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombe, kok unine wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangeran iku anggone kabenerake marga saka pandamele.”
Bareng para wong Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabate: “Yagene gurumu kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”
Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”
Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa.
Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”
Awit sadurunge ana wong sawatara saka golongane Yakobus teka, dheweke kembul mangan karo sadulur-sadulur kang ora tetak, nanging satekane wong-wong mau, dheweke mundur lan misah marga wedi marang sadulur kang tetak.
Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan: “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.