Pandongane lan kabule pandongane, sakehe dosane lan anggone ora setya, sakehing panggonan kang diedegi tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala tuwin reca-reca tatahan, sadurunge panjenengane ngesorake sarira, lah kabeh iku padha katulisan ana ing riwayate para wong sidik.
Paduka punika rak Rama kawula sadaya? Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya, saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya. Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya; asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.
Maune Ingsun kagungan panggalih: “Satemene Ingsun arsa mrenahake sira ana ing tengah-tengahing para putraningSun lan maringi sira tanah kang endah, tanah pusaka kang endah dhewe saka para bangsa. PanggalihingSun: sira bakal nyebut Ingsun: Rama kawula, lan ora bakal ninggal marang Ingsun.
Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? Sabab samangsa Sunwelehake, Ingsun tansah kengetan marang dheweke, marga saka iku panggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Ingkang kapratelakaken bab ngendelaken tunggaking wit mau, punika tegesipun: gusti kawula enggal badhe ngasta karajan punika malih, sasampunipun gusti kawula ngakeni, bilih ingkang kagungan pangwaos punika Swarga.
Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka, punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.
Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.”
Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.”
Banjur eling marang kaanane, mangkene panggagase: Buruhe bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan mubra-mubru, mangka aku ana ing kene mati kaliren.
Kosokbaline juru-mupu-beya iku mung ngadeg ana ing kadohan, malah tumenga marang ing langit bae ora wani, nanging mung tebah-tebah dhadha sarta munjuk mangkene: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.