Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 14:32 - Kitab Sutji

32 Manawa ora, mesthi banjur utusan, mumpung mungsuh iku isih adoh, prelu nakokake prajanjian-prajanjiane bedhamen.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 14:32
11 Iomraidhean Croise  

temah Ingsun bakal ngalembana marang sira, amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.”


Endang rukuna karo lelawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowe aja nganti diladekake dening lelawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahake kowe marang pambantune, temahan kowe dilebokake ing pakunjaran.


Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”


Amarga, manawa kowe karo lawananmu padha arep ngadhep marang ing ngarsane pamarentah, ana ing dalan ngudia rukun karo wong mau, supaya kowe aja nganti diladekake ing ngarsane hakim, lan hakim banjur masrahake kowe marang pambantune sarta pambantu iki tumuli nglebokake kowe marang ing pakunjaran.


Utawa, ratu ngendi sing arep andon perang mungsuh ratu liyane, kok ora lenggah dhisik prelu nggalih-nggalih, apa wadyabala saleksa iku cukup kanggo nglawan mungsuh kang nekani kalawan nggawa bala rong leksa?


Mangkono uga saben wong panunggalanmu, kang ora bisa ninggal sabarang darbeke kabeh, iku ora bisa dadi siswaKu.


Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.


Kacarita Sang Prabu Herodhes duka banget marang wong Tirus lan Sidon. Wong-wong mau padha saiyeg bebarengan sowan menyang ing ngarsane sarta padha kalakon bisa ngrimuk Blastus, punggawa ing kratone Sang Nata, supaya mbiyantu wong-wong mau. Banjur padha nyuwun bedhami, awit nagarane iku oleh pangan saka ing bawahe Sang Prabu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan