Batur mau banjur mulih ngaturake iku kabeh marang lurahe. Kang duwe omah nepsu banget sarta calathu marang bature: Enggal menyanga ing dalan-dalan lan lurung-lurung kutha, wong mlarat, wong cacad, wong picak lan wong lumpuh padha iriden mrene.
Manawa ana wong kang mentas bae rabi, iku aja bareng karo wadya-bala melu nglurug perang, lan iya aja diwenehi sadhengaha pagawean, sajrone setaun dibebasna kanggo kaperluaning omahe, supaya ndadekna senenge kang wadon kang wus dadi bojone.”