18 Nanging kabeh padha bebarengan nyuwun ngapura. Wong kang kapisan matur mangkene: Kula mentas tumbas pategilan, kula badhe ningali mrika, mila kula nyuwun pangapunten.
Marang sapa anggonku kudu kandha lan nglairake paseksen supaya wong banjur padha nggatekake? Kupinge wong-wong mau nyata ora tetakan; wong-wong iku ora bisa ngrungokake! Lah, pangandikane Sang Yehuwah dadi cacadan, ora disenengi.
Bareng wis ndungkap wayahe bujana, bature dikongkon pratela marang wong kang padha diulemi: Sumangga sami karsaa rawuh, amargi sadaya-sadayanipun sampun cumawis.
Kang tumiba ing thethukulan eri iku wong kang padha ngrungokake pangandika, nanging sajrone thukul iku tumuli kelindhih ing rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning ngaurip satemah ora bisa metokake woh kang mateng.
sanadyan aku uga duwe dhasar kumandel marang prakara-prakara kadagingan. Yen ana wong liya rumangsa bisa ngandel marang prakara-prakara kadagingan, aku iki luwih maneh:
awit Demas wis rumaket marang donya iki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkat menyang Tesalonika. Kreskes wis lunga menyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.