Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 14:16 - Kitab Sutji

16 Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Ana wong nganakake pista gedhen lan ngulemi wong akeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 14:16
11 Iomraidhean Croise  

Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna!


Efraim bakal kaya pahlawan, atine bakal bingar kaya kena dayaning anggur. Anak-anake padha nyipati iku, temah padha bungah-bungah, sarta atine giyak-giyak marga saka Pangeran Yehuwah.


Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.


Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; manawa ana wong kang krungu suwaraningSun lan ngengani lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi lan bujana bebarengan karo wong iku lan wong iku karo Ingsun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan