Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 14:15 - Kitab Sutji

15 Krungu pangandika kang mangkono iku, ana sawijining dhayoh kang matur marang Gusti Yesus: “Rahayu tiyang ingkang sami badhe kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 14:15
8 Iomraidhean Croise  

Nanging nalika lagi padha lunga tuku lenga, mantene teka, prawan-prawan sing wis miranti padha melu manten lumebu menyang ing pahargyan, lawange banjur dikancing.


Aku pitutur marang kowe: Bakal akeh wong kang teka saka ing wetan lan ing kulon kang padha melu kembul bujana karo Rama Abraham, Iskak lan Yakub ana ing Kratoning Swarga,


Begja para abdi kang sarawuhe bendarane ketemu melek. Aku pitutur ing kowe: Satemene bendara mau bakal sabukan, abdine padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarane bakal nyedhaki ngladeni.


sarta bakal ana wong kang padha teka saka ing wetan lan kulon lan tuwin saka ing lor lan kidul, padha bakal linggih mangan ana ing Kratoning Allah.


Awit Aku pitutur marang kowe: Aku ora bakal mangan iku maneh, nganti tumekane iku wis kayektenan ana ing Kratoning Allah.”


supaya kowe padha bisa mangan lan ngombe tunggal sameja karo Aku ana ing KratonKu. Apamaneh kowe bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili talere Israel rolas.”


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempe.” Sarta aku dipangandikani maneh: “Iki sabdane Gusti Allah kang satuhu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan