LUKAS 14:13 - Kitab Sutji13 Nanging, manawa kowe nganakake pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta. Faic an caibideil |
Sang Nehemya yaiku kepala dhaerah, karo Imam Ezra, ahli kitab sarta para wong Lewi kang mulang marang wong-wong mau, banjur padha ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Dina iki dadi sesengkerane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu. Kowe aja padha prihatin, lan aja nangis.” Amarga wong kabeh padha nangis, nalika krungu surasane Toret.
Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.
nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”
Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.