Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 14:12 - Kitab Sutji

12 Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 14:12
13 Iomraidhean Croise  

Wong miskin iku kasengitan uga dening kancane, nanging wong sugih akeh mitrane.


Sing sapa nindhes marang wong kang ringkih murih oleh kauntungan kanggo awake dhewe, utawa kang weweh marang wong sugih, iku ndadekake kapitunane dhewe.


Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta?


Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.


Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.


Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.


Nanging, manawa kowe nganakake pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta.


Mulane saiki, supaya padha-padha, – anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku –: Atimu wengakna kang ngeblak!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan