LUKAS 14:11 - Kitab Sutji11 Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake. Faic an caibideil |
Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.
Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.