9 bokmanawi taun ngajeng saged awoh; manawi boten, inggih lajeng kategora kemawon.”
Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus memulang ana ing salah sawijining papan pangibadah.
Wangsulane wong mau: Bendara, kajengipun gesang sataun engkas, siti sakubengipun badhe kula paculi lan wit punika badhe kula rabuk,
Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe.
Malah wong-wong Yahudi mau wus nyedani Gusti Yesus lan para nabi apadene wus nganiaya marang aku kabeh. Apa kang dadi keparenging Allah ora padha dipreduli sarta kabeh wong padha dimungsuh,
nanging manawa bumi iku nuwuhake bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta cepak kena ing supata, kang wekasane kaobong.