Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 13:7 - Kitab Sutji

7 Tumuli calathu marang kang ngurus kebon anggur iku: Iki wis telung taun aku golek wohe, kok ora ana. Mulane tegoren bae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kene tanpa guna!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 13:7
11 Iomraidhean Croise  

Kang iku sira eklasa, bebenduningSun mulad-mulad bakal numpes bangsa iku, nanging sira bakal Sundadekake bangsa gelengan gedhe.”


iku nguwuh-uwuh kanthi sora, mangkene pangandikane: Wit iku tegoren lan pang-pange kethokana, godhonge prithilana sarta wohe sebar-sebarna; kewan-kewan cikben padha buyar saka ing sangisore, apadene manuk-manuk saka ing pang-pange!


Samangsa sira wus lumebu ing nagara iku sarta wus nandur kitri warna-warna, wohe kang wiwitan sajroning telung taun lawase iku aja sira undhuhi lan aja sira pangan.


Ing kono Ingsun bakal ndhawuhake berkahingSun marang sira ing taun kang kaping nem; temah bakal metokake kang nyukupi kanggo telung taun.


Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni.


Wangsulane wong mau: Bendara, kajengipun gesang sataun engkas, siti sakubengipun badhe kula paculi lan wit punika badhe kula rabuk,


Wadunge wis cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokake woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungake ing geni.”


Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe.


Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungake ing geni, sarta diobong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan