6 Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir, kang katandur ing pakebonane anggur, banjur diparani digoleki wohe, nanging ora oleh.
Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan, lan dadi wiji kang murni satuhu. Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk, dadi wit anggur alasan!
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ingsun arsa mundhut pametune, nanging wite anggur ora ana wohe, wite anjir ora ana wohe, lan godhonge wus padha alum, mulane Ingsun bakal netepake, para wong kang bakal padha ngidak-idak wong-wong iku.”
Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.