Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 13:4 - Kitab Sutji

4 Utawa maneh apa pangiramu wong wolulas kang padha mati kerubuhan menara ing Siloam kae kaluputane ngluwihi wong ing Yerusalem liyane kabeh?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 13:4
13 Iomraidhean Croise  

Kekarene padha lumayu menyang ing Afek, lumebu ing kutha, nanging temboke ambruk nibani wong pitulikur ewu, yaiku kekarene mau. Nalika samana Sang Prabu Benhadad lumajeng lumebet ing kutha lan ndhelik pindhah-pindhah kamar.


Gapura Sendhang iku dibangun dening Sang Salum bin Kolhoze, kang ngasta pangwaos ing wewengkon ing Mizpa. Anggone mbangun nganggo dipayoni sarta dietrapi ineb, kancingan lan slarak. Kajaba iku uga ndandani temboke blumbang tadhah banyu ilen-ilen, kang anjog ing sacedhake patamanan kraton, nganti tutug ing undhak-undhakan kang mudhun saka ing kuthane Sang Prabu Dawud.


dumadakan wonten angin prahara dhateng saking pasamunan ingkang lajeng nempuh griya wau ing pojok-pojokipun sekawan; griyanipun rebah njugrugi para tiyang anem wau, temah sami pejah sadaya, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”


“Ing sarehne bangsa iki wus nampik banyu Syiloah kang alon iline, lan wedi banget marang Rezin lan anake Remalya,


Bareng wiwit etang-etangan, ana siji kasebakake kang duwe utang saleksa talenta.


Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.


Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdene kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”


Ora, kandhaKu marang kowe. Nanging manawa kowe ora padha mratobat, kowe bakal padha tiwas kabeh kanthi patrap mangkono.


Aku pitutur marang kowe: Ora. Nanging manawa kowe kabeh padha ora mratobat, bakal tiwas kanthi patrap mangkono.”


Wangsulane: “Tiyang nama Yesus damel luluhan siti, lajeng dipun leletaken ing mripat kula; kula tumunten dipun dhawuhi: Lungaa menyang padusan ing Siloam, adusa! Kula lajeng mangkat, lan sasampunipun adus tumunten saged ningali punika.”


Banjur dipangandikani: “Lungaa, adusa menyang ing blumbang padusan ing Siloam.” Siloam tegese “Kang diutus”. Wonge tumuli mangkat lan adus; baline wus bisa ndeleng.


Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagara, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan