Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 13:35 - Kitab Sutji

35 Lah omahmu bakal kapasrahake suwung marang kowe. Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe bakal padha ora ndeleng Aku maneh nganti tumeka ing wektune kowe padha calathu mangkene: Binerkahana kang rawuh atas asmaning Pangeran.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 13:35
31 Iomraidhean Croise  

Binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran Yehuwah. Aku padha mberkahi kowe kabeh saka ing padalemaning Sang Yehuwah.


Paduka mugi karsaa ngebyuki ing bebendu tiyang-tiyang punika, sarta ketamana ing mulad-mulading deduka Paduka.


Iba anggone ngresepake katone saka ing pucake tengger-tengger tekane kang nggawa pawarta, kang martakake kabar katentreman kang ngundhangake pawarta kang becik, kang nggawa kabar karahayon lan kang celathu marang Sion: “Allahmu iku ratu!”


Nanging manawa sira ora ngrungokake pangandika iki, Ingsun wus supaos demi Ingsun piyambak, – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, – kraton iki bakal dadi jugrugan.


Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhawahake marang Yehuda lan sakehing wong isine kutha Yerusalem sakehe kasangsaran, kang wus Sunagem ngancam wong-wong iku; amarga Ingsun wus paring pangandika marang para wong iku, nanging padha ora ngrungokake, lan Ingsun wus nimbali wong-wong iku, nanging padha ora mangsuli.”


Kang iku marga saka sira Sion bakal diwluku kaya pategalan lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Ingsun bakal nglumpukake sakehe bangsa, kang bakal padha nglurugi perang marang Yerusalem, kutha iku nuli bakal direbut, omah-omahe padha dijarah-rayah, wonge wadon padha dirusuhi. Wong isine nagara separo kagawa metu menyang pambuwangan, nanging kekarene umat ora bakal katumpes saka ing kutha kono.


Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran. Hosana wonten ing ngaluhur.”


Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem.


Bareng tindake wis saya cedhak lan mirsa kutha iku banjur dimuwuni,


Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”


wong-wong iku banjur padha njupuki papahe wit palem, tumuli metu padha methukake Panjenengane, kambi surak-surak: “Hosana! Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran, Ratunipun Israel!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan