LUKAS 13:34 - Kitab Sutji34 Yerusalem, Yerusalem, kowe kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang padha diutus nemoni kowe. Wis makaping-kaping anggonKu arep nglumpukake anak-anakmu, padha kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ana ing sangisoring swiwine, nanging kowe ora ngolehake. Faic an caibideil |
Yagene nalika Ingsun rawuh kok ora ana wong, lan nalika Ingsun nimbali kok ora ana kang sumaur? Apa bokmanawa astaningSun cupet dene ora bisa ngluwari, utawa apa Ingsun ora kagungan kakuwatan kanggo ngluwari? Lah marga Ingsun duka, Ingsun ngesatake sagara, kali-kali Sundadekke ara-ara samun; iwake padha mambu bacin marga ora ana banyu lan banjur padha mati kasatan.
Pancen, piwelinge Yonadab bin Rekhab iku isih diestokake, yaiku anggone dheweke meling marang tedhak turune, supaya aja ngombe anggur lan tumeka saprene wong iku padha ora ngombe anggur, amarga padha ngestokake marang piwelinge leluhure. Ingsun piyambak tansah ngandikani sira, nanging sira padha ora ngrungokake marang Ingsun.
Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhawahake marang Yehuda lan sakehing wong isine kutha Yerusalem sakehe kasangsaran, kang wus Sunagem ngancam wong-wong iku; amarga Ingsun wus paring pangandika marang para wong iku, nanging padha ora ngrungokake, lan Ingsun wus nimbali wong-wong iku, nanging padha ora mangsuli.”
Sira aja padha kaya para leluhurira, kang wus padha dipituturi dening para nabi ing maune mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha ngundurana lakunira kang ala lan pokalira kang duraka! Nanging padha ora gelem ngrungokake sarta padha ora mreduli marang Ingsun. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. –