Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 13:33 - Kitab Sutji

33 Nanging ing dina iki, lan sesuk tuwin besuk emben Aku kudu nerusake lakuKu, amarga ora samesthine kang jeneng nabi dipateni ora ana ing Yerusalem.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 13:33
10 Iomraidhean Croise  

“Saiki Aku lan kowe kabeh padha menyang ing Yerusalem lan Putraning Manungsa bakal diulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret; iku bakal nibakake paukuman pati marang Panjenengane


Wong akeh padha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasaret ing tanah Galilea.”


Nanging wong-wong Samaria padha ora gelem nampani rawuhe, amarga anggone tindak iku menyang Yerusalem.


Marga saka iku Gusti Yesus wus ora ngedheng maneh ana ing antarane wong-wong Yahudi, sarta banjur tedhak saka ing kono menyang tanah sacedhake pasamunan njujug ing kutha kang aran Efraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabate.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, mesthi ora kesandhung, marga ndeleng padhange jagad iki.


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.


Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.


Aku kudu padha nglakoni ayahane Panjenengane kang ngutus Aku mumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka, wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean.


inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.


Sabab para ingkang sami manggen ing Yerusalem saha para pangagengipun sami boten purun ngakeni Gusti Yesus. Saha margi saking anggenipun lajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami njalari kayektosanipun pangandikaning para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan