Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 13:26 - Kitab Sutji

26 Kowe bakal matur: Kawula sampun nate sami nedha lan ngombe wonten ing ngarsa Paduka, sarta Paduka sampun paring piwulang wonten ing margi-margi ing kitha kawula.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 13:26
5 Iomraidhean Croise  

Pancen saben dina padha ngupaya Ingsun lan seneng sumurup sakehing marginingSun. Kayadene bangsa kang nglakoni kang bener tuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahe padha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener, padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah, sarta munjuk pitakon:


Nanging Panjenengane bakal ngandika marang kowe: Aku ora ngreti, kowe iku saka ing ngendi, padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh wong kang padha gawe piala!


Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!


Anggone padha nindakake pangibadah mung laire bae, nanging lugune padha ora nganggep marang sawabe. Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku!


Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan