Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 13:25 - Kitab Sutji

25 Manawa kang kagungan dalem wis jumeneng lan wis ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg ana ing jaba ndhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengane bakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti, kowe iku saka ngendi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 13:25
12 Iomraidhean Croise  

Kang padha nekani iku lanang lan wadon saka sarupaning makhluk kang urip, kaya kang kadhawuhake dening Gusti Allah marang Rama Nuh. Lan sawuse mangkono lawange prau diinebake dening Sang Yehuwah ana ing saburine Rama Nuh.


Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka, mumpung taksih saged pinanggih; sanadyan wontena bena ageng, boten kebenan.


Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah pupung isih karsa disowani; padha sesambata marng Panjenengane pupung isih ana ing celakan!


Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate.


Nanging Panjenengane bakal ngandika marang kowe: Aku ora ngreti, kowe iku saka ing ngendi, padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh wong kang padha gawe piala!


Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!


“Geneya kowe kok nyebut Aku: Gusti, Gusti, mangka kowe padha ora nglakoni pituturKu?


Sabab Gusti Allah ngandika: “Ing mangsa kang ngremenake Ingsun wus miyarsakake sira, lan ing dinane karahayon Ingsun wus mitulungi sira.” Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.


Jalaran kowe padha sumurup, manawa sawuse mangkono, nalika arep nampani berkah, ditampik, sabab ora oleh wewengan kanggo ndandani kaluputane, sanadyan anggone ngupaya kanthi mbrebes mili.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan