Mulane payo padha tetepungan lan mbudidaya kanthi temen-temen supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah, Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan; kita bakal dirawuhi patrape kaya udan, kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.”
Pasemon iki uga didhawuhake marang wong-wong mau: “Kratoning Swarga iku upamane kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubake ing glepung trigu telung taker nganti kemrasukan kabeh.”
nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”
Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.
Mulane padha biraten sarupaning rereged sarta piala kang kaliwat akeh lan tampanana kanthi legawaning ati pangandika kang katandur ing atimu, kang bisa nylametake nyawamu.