Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 13:13 - Kitab Sutji

13 Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg maneh lan banjur ngluhurake asmaning Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 13:13
13 Iomraidhean Croise  

Wong akeh bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, kang wus paring panguwasa nganti samono marang manungsa.


Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombe racun kang mateni, ora bakal ndadekake cilakane. Wong lara kang ditumpangi tangane bakal waras.”


lan nyuwun kanthi adreng, ature: “Anak kawula estri saweg sakit meh pejah, mila mugi Paduka karsaa ngrawuhi lan numpangi asta, supados wilujeng lan lestantun gesang.”


Mulane ana ing kono Panjenengane ora bisa nindakake pangeram-eram babar pisan, kajaba mung marasake wong lara sawatara sarana katumpangan asta.


Gusti Yesus numpangake astane maneh ing mripate wong mau, temahan bisa ndeleng temenan lan wis waras, wis bisa ndeleng apa-apa kanthi cetha.


Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”


Sanalika iku uga wong mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus kambi ngluhurake Gusti Allah. Kabeh wong kang padha nyumurupi lelakon iku padha saos puji marang Gusti Allah.


Bareng wis surup, wong-wong padha nyowanake sanak sadulure kang lara warna-warna. Iku genti-genti padha ditumpangi astane, temah padha mari.


Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan